Google Analitics

Tuesday, April 11, 2017

Unggah Ungguh Basa

         Basa Yaiku piranti kanggo sesrawungan ing antarane wong siji lan sijine.Basa jawa iku kaperang dadi patang perangan (tingkat Tutur) yaiku basa ngoko lugu,ngoko alus,lan krama alus,jlentrehe peranganane basa kacetha ing ngisor iki
1)   Basa Ngoko Lugu
      Titikane: tembung tembung ngoko  kabeh,klebu ater ater,lan panambang.
       Digunakake:
      a)  Marang sapadha - padha sing wis kulina
      b)  Marang sing kaprenah nom (anak,   
 putu,murid,lan bojo)
      c)  Nalika Pinuju Ngudarkasa
      d)  Ana ing Buku buku wulangan Utawa karangan
        Tuladha :
       ¤ kanca kanca sesuk sabubare sekolah  kumpul ning aula saperlu rapatosis
       ¤  Bocah bocah gandeng piwulang basa  jawa wis oleh rong piwulang,mula minggu ngarep dianakake uji kompetensi.
2)    Basa Ngoko Alus
        Titikane :
     a) Tetembungane ngoko lan krama inggil
     b) Ater Ater lan panambangane ngoko
        Digunakake :
     a) marang wong kang luwih enom nanging luwih dhuwur drajade.
     b) Priyayi lan Priyayi Nanging Kulina Ngoko.
     c)  Rerasanan, sing dirasani wong sing diajeni.
         Tuladha :
      ¤ Nak agus, aku mentas saka solo   nggawa oleh oleh klengkeng apa pajenengan kersa ?
       ¤  Aku sesuk nderek bapak.kowe  melu apa ora.
3)     Krama Lugu
       Titikane :
     a)  wujude krama
     b)  Ater ater lan panambangane uga  krama
        Digunakake :
     a)  Kanca kanca sing durung kulina
     b)  Ing Buku Karangan
      Tuladha :
   ¤ Buku sampean dereng kula wangsulaken sapunika.
   ¤ Sampean adus riyin, dhi.kula mangke mawon.
4)    Krama Alus
        Titikane :
     a)  tetembunganane krama lan krama     inggil
      b)  Ater ater lan panambang uga   krama
         Digunakake :
      a)  Wong nom marang wong sing luwih tuwa
      b) Murid Marang Gurune
      c) Priyayi Marang priyayi sing ajen ing  ajenan
      d) Batur Marang Bendaharane
           Tuladha :
       ¤ inggih, Pak. kalawingi kula sampun
          sowan bu Sari, nanging Bu sari dereng ngendika punapa punapa.
       ¤ mengke dalu, sesampunpunipun isyak panjenengan katuran tindak  kenduren,Pakde.

Moga bermanfaat ya temen temen.Sy Ucapkan trima kasih dah Visit Blog Saya.:-)

No comments: